VISTASMANKARNEWS. COM. Dikutip pembina Jurnalistik Smankar saka Swara Sastra Jawa, (5/4/2025) seratane Heru Patria, sedulur Budayawan lan Seniman Sastra Jawa, ngenani Hakikat e Kupat ing Badan Idul Fitri.
Wis dadi padatan yen ing pungkasane dina riyaya (dina kapitu) wong wong padha nyawisake kupat kanggo tanda wis jangkepe riyaya.
Sejatine kabeh iku mawa pangilon kang becik tumrap bebrayan agung ing alam ndonya. Akeh samubarang sing arupa budaya tanah Jawa ngemu surasa pitutur. Kabeh iku minangka pralambang kang bisa digugu kabecikanne.
Kupat saka tembung Ngaku Lepat (ngaku salah). Mula saka iku kupat dadi pangeling yen ta dina riyaya kudu mbukak ati kanggo ngaku salah lan aweh sepura marang kasalahanne liyan amrin diri bisa mbalik resik kayadene nalika isih bayi.
Dene kupat mesthi digawe saka jannur. Jannur saka tembung jannah nur. Jannah tegese swarga. Nur tegese cahya. Dadi jannah nur tegese cahya swarga. Mula saka iku, sapa wae sing ngaku lepat lan gelem aweh pangapura marang sapadha-padha bakal pikantuk cahyane swarga.
Bab iki jumbuh ambi ajaran islam kang njlentrehake yen dina riyaya idul fitri mawa makna mbalik suci kaya bayi krana ngraketake silaturahmi lan aweh sepura marang sapadha-padha.
(DANAR SP/RED VISTA)